Kamis, 23 Juli 2015

Ikrar Syawalan Bahasa Jawa

Oleh: Abi Husna

Assalamu’alaikum wr. wb.

Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Asyhadu alla ilaaha illallah.
Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Kula sedaya, Keluwarga ageng (Trah Abdullah Sirat), saha sedaya ingkang lenggah ing papan menika, kanthi ihklasing manah, keparenga ngaturaken, ikrar syawalan.

Ingkang sepisan, dhumateng ngarsanipun bapak-bapak, ibu-ibu, ingkang kaleres sepuh, saha ingkang kasepuhaken, kula ngaturaken, sungkem pangabektos.
Dhumateng sesami-sami, kula ngaturaken, salam ta’lim. Dhumateng ingkang kaleres enem, kula ngaturaken, sih katresnan saha donga pangestu.

Atur kaping kalih, kula ngaturaken, Sugeng Riyadi Fitri 1438 Hijriah, kairing donga, Taqobbalallohu minna wa minkum, Shiyamana wa shiyamakum, Ja’alanallahu wa iyyakum Minal 'aidin wal faidzin.

Atur kaping tiga, kula nyuwun pangapunten saking sedaya kalepatan kula, ingkang kasengaja punapa dene ingkang mboten sengaja, ingkang lahir punapa ingkang batos, ingkang sedaya wau, mboten pikantuk idining sarak agami, mugi-mugi panjenengan sedaya, kersa paring pangapunten, dhumateng kula.

Kosok wangsulipun, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kula lega lila, caos pangapunten, sedaya kelepatan panjenengan, ingkang tumanduk, dhumateng kula.
Mugi-mugi Gusti Alloh ngijabahi lan paring maghfirah dateng kita sami.
Amin, amin, ya robbal ‘alamin.

Mekaten lan semanten ikrar syawalan ingkang kita aturaken. Kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

Akhirul kalam..

Wassalamu’alaikum wr. wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TULADHA PANAMPI PASRAH NGUNDUH MANTU

  Assalamu 'alaikum wr.wb. Alhamdulillahirobbil’alamin….   Mugi kawilujengan, karahayon, katentreman, kabegjan menapa dene kamulya...