Rabu, 16 Maret 2022

IKRAR SYAWALAN BAHASA JAWA


Assalamu’alaikum wr. wb.

Bismillaahirrahmaanirrahiim.

Asyhadu alla ilaaha illallah.

Wa asyh hadu anna Muhammadarrosulullah.

Astaghfirullah hal adzim 3x

 

Kula sedaya Keluwarga ageng (SD Unggulan Aisyiyah Bantul) saha sedaya ingkang lenggah ing papan menika kanthi ihklasing manah keparenga ngaturaken ikrar syawalan.

 

Ingkang sepisan, dhumateng ngarsanipun bapak-bapak, ibu-ibu, ingkang kaleres sepuh saha ingkang kasepuhaken, kula ngaturaken sungkem pangabektos.

Dhumateng sesami-sami, kula ngaturaken salam ta’lim. Dhumateng ingkang kaleres enem, kula ngaturaken sih katresnan saha donga pangestu.

 

Atur kaping kalih, kula ngaturaken Sugeng Riyadi Fitri 1444 Hijriah, kairing donga Taqobbalallohu minna wa minkum, Shiyamana wa shiyamakum, Ja’alanallahu  wa iyyakum Minal 'aidin wal faidzin.

 

Atur kaping tiga, kula nyuwun pangapunten saking sedaya kalepatan kula, ingkang lahir punapa ingkang batos, ingkang sedaya wau mboten pikantuk idining sarak agami, mugi-mugi panjenengan sedaya kersa paring pangapunten dhumateng kula.

 

Kosok wangsulipun, mbok bilih panjenengan kagungan kelepatan dhumateng kula, kula lega lila caos pangapunten sedaya kelepatan panjenengan ingkang tumanduk dhumateng kula.

Mugi-mugi Gusti Alloh ngijabahi lan paring maghfirah dumateng kula panjenengan sami.

Amin, amin, ya robbal ‘alamin.

 

Mekaten lan semanten ikrar syawalan ingkang saged kula aturaken. Kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

Akhirul kalam..

 

Wassalamu’alaikum wr. wb.

 

TULADHA PANAMPI PASRAH NGUNDUH MANTU

  Assalamu 'alaikum wr.wb. Alhamdulillahirobbil’alamin….   Mugi kawilujengan, karahayon, katentreman, kabegjan menapa dene kamulya...