Senin, 19 Maret 2018

Pasrah Calon Temanten Kakung



Pengalaman pertama mendapat amanah mewakili keluarga masrahke calon pengantin putra. Beberapa hari cari referensi contoh di buku dan googling karena memang belum cukup punya bekal, hanya kemantapan untuk menyanggupi permintaan. Akhirnya tersusun pidato pasrah calon pengantin putra sebagai berikut:

Assalamu 'alaikum wr.wb.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi. 
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan. 
Para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Langkung-langkung dhumateng panjenenganipun Bapa Paiman sekalian ingang tansah kinurmatan.

Sakderengipun kula ngaturaken wigatining sowan kula, sumonggo langkung rumiyin kita tansah ngunjukaken raos syukur dumateng Allah SWT, Pangeran Ingkang Maha Agung, dene awit saking sih berkah tuwin sih rahmatipun, kula panjenengan saged sami pinanggih kanthi wilujeng, winantu ing suka rena.
Saklajengipun, ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih sariranipun Bapa ROHASIH sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur ing ngarsa panjenengan:


Ingkang Sepisan Bapa Rohasih sekalian ngaturaken salam taklim konjuk Bapak PAIMAN sekalian kanthi atur “Assalamu ‘alaikum warahmatullaahi wabarakatuh”, ugi sungkem pangabekti dhumateng para pinisepuh binarung pepuji mugi tansah cinelakna ing suka rahayu, tinebihna ing sambekala.
Ingkang Kaping kalih, kula kadhawuhan nglarapaken calon penganten kakung pun bagus HERNAWAN atmaja kakungipun Bapa Rohasih sekalian ingkang pidhalem ing dusun Dahromo I RT 5, kelurahan Segoroyoso, Kecamatan Pleret, Bantul, ingkang dinten punika, badhe kadhaupaken kalian anakmas NURNI UTAMI, putra putrinipun Bapa Paiman sekalian, hawit saking punika titiwanci punika calon penganten kakung kula pasrahaken ing ngarsa panjenengan borong menggah kalaksane sedya. Kula namung nderek memuji, mugi lampahing titilaaksana salajengipun saged tumapak kanthi rancak kalis saking sambekalaning gati.
Ing Tembenipun, kula taksih nyuwun gungan, rehning anak kula bagus Hernawan menika taksih kirang seserepan khusussipun babagan gesang bebrayan, mila mugi Bapa Paiman kersaa paring sesuluh saha wewarah amrih gesang bebrayanipun kaliyan anakmas Nurni Utami saged manggih kamulyan.
Ingkang Kaping tiga, Minangka jangkeping tata krami, sarta hanetepi adat, kula kinen ngaturaken sawetawis pisungsung arupi ubo rampe, minangka tandha tetangsuling katresnan saking calon penganten kakung. Sanadyan mboten sepintena, kanthi pangajabing manah mugi sageda anambah raketing raos kekadangan.

Saklajengipun, Bapak Rohasih, ugi ngaturaken bubuh / redana ingkang awujud arta. Mugi-mugi kenginga kadamel ngenteng-enthengi anggenipun Bapak Paiman sekaliyan anetepi darmaning asepuh, inggih amengku gati amiwaha putra.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kirang trapsila anggen kula matur lan ugi kirang subosito anggen kula sak rombongan sowan, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pamaksami.
Wassalamu 'alaikum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TULADHA PANAMPI PASRAH NGUNDUH MANTU

  Assalamu 'alaikum wr.wb. Alhamdulillahirobbil’alamin….   Mugi kawilujengan, karahayon, katentreman, kabegjan menapa dene kamulya...