Sabtu, 07 September 2024

MAJELIS TABLIGH PCM JETIS SELENGGARAKAN KANTIN SAPA

Bantul – Kajian Rutin Sabtu Pagi (Kantin Sapa) mulai diselenggarakan oleh Majelis Tabligh Pimpinan Cabang Muhammadiyah (PCM) Jetis pada Sabtu, 7 September 2024, bertempat di Masjid Nurul Huda komplek SMP Muhammadiyah Jetis. Kajian yang didesain serius mempelajari kitab secara berkelanjutan ini dihadiri oleh sekitar lima puluhan orang jamaah yang tampak khusuk dan semangat mengikuti kajian.

 

Acara dimulai pukul 06.00 WIB diawali tadarus Al-Qur’an dipandu oleh Ust. Ahmad dari MBS Sultan Agung Jetis, kemudian dibuka secara resmi oleh Wakil Ketua PCM Jetis, Ustadz Kuswoyo, M.Pd. Dalam sambutannya, beliau menyampaikan pentingnya menjaga semangat menuntut ilmu agama sebagai bagian dari amalan harian. Kajian ini diharapkan dapat menjadi sarana bagi umat untuk terus meningkatkan pemahaman agama serta mempererat tali silaturahmi antar jamaah.

 

Ustadz Imam Mukhlas,S.Sn, S.Pd. sebagai pemateri, menyampaikan kajian bab Keikhlasan dan menghadirkan niat dalam segala amal perbuatan yang merupakan bab awal pada Kitab Riyadhus Shalihin karya Imam An Nawawi. Allah SWT berfirman dalam surat Al Bayyinah ayat 5 yang artinya, Mereka tidak diperintah, kecuali untuk menyembah Allah dengan mengikhlaskan ketaatan kepada-Nya lagi hanif (istikamah), melaksanakan salat, dan menunaikan zakat. Itulah agama yang lurus (benar).”

 

Dalam sesi lain-lain, Ketua Majelis Tabligh PCM Jetis, Triyanto, S.Pd. menyampaikan terima kasih kepada jamaah yang hadir serta harapan untuk senantiasa menghadiri pada kajian berikutnya. Sebagai pertemaun perdana pada hari ini tentu ada hal-hal yang perlu dievaluasi dan ditingkatkan; baik tentang pengaturan tempat duduk, susunan acara bahkan mungkin juga sajian konsumsi pendukung. Jamaah pun boleh turut serta memberikan masukan untuk peningkatan penyelenggaraan kajian selanjutnya.

 

Semoga Kantin Sapa bisa istiqomah terselenggara dan bisa memberikan manfaat yang lebih luas bagi masyarakat khususnya dalam hal ikhtiar meningkatkan ilmu, iman dan amal. Aamiin.

 

Try24*










Senin, 01 Januari 2024

TULADHA PANAMPI PASRAH NGUNDUH MANTU

 

Assalamu 'alaikum wr.wb.

Alhamdulillahirobbil’alamin….

 

Mugi kawilujengan, karahayon, katentreman, kabegjan menapa dene kamulyan tumanduk dateng panjenengan sedaya.

Engkang kinurmatan panjenengan Bapa Sarwidi minangka duta pangarsaning lampah pangombyong risang pinanganten sekalian saha engkang minangka sulih pangandikan agungipun besan kinasih Bapa Darmawan sekalian sapenderek satuhu engkang pantes kula hormati.

Minggahipun katur dumateng panjenenganipun para pinisepuh sesepuh ajisepuh menapa dene engkang kasepuhaken tuhu engkang pantes kinabekten

Lumeber katur dumateng para tamu sedaya kakung dalasan putri werda tuwin tumaruna engkang sedaya pantes nampi kawilujengan

 

Bapa Sarwidi engkang satuhu kula hormati awit saking bombong bebeg birawaning manahipun Bapa Oni Suyono sekalian Ibu Masriyah nampi rawuh panjenengan sapenderek besan kinasih kinanthen risang pinanganten sarimbit, mboten kuwawi matur piyambak nampi pangandikan pasrahan panjenengan pramila miji dateng kula kinen hananggapi menapa engkang dados atur pangandikan panjenengan.

Namung sakderengipun kula matur engkang lajeng wonten keparingipun panjenengan sapenderek dalasan para tamu sedaya, mboten wonten awonipun mbok bilih tansah kula ajak ngambali ngunjukaken raos puja-puji dalasan syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah Engkang Maha Agung engkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan hidayah sarta inayah katiti wonten ing mirunggan enjang punika panjenengan sedaya dalasan kula saged dipun pinanggihaken wonten papan menika griyanipun Bapa Oni Suyono ing dusun Dahromo I Segoroyoso Pleret Bantul kanthi wilujeng mboten wonten alangan sawiji menapa.

 

Dene atur salajengipun, Bapa Oni Suyono sekalian gotrah menapa dene keluarga lumantar kula mboten katalumpen hangambali ngaturaken pambagya harja wilujeng rawuh penjenengan sedaya sapangombyong sinaratan panuwun engkang tanpa pepindhan bilih panjenengan hanglarapaken pinanganten sarimbit netepi titi wanci ingkang kasuwun dening Bapa Oni Suyono sekalian. mugiya ing mangke hanyekecakna anggenipun sami pinarak lenggah,

 

Dene atur salajengipun niti dawuhipun Bapa Darmawan engkang kapisan lumantar panjenengan Bapa Sarwidi panjenenganipun sampun maringaken salam taklim kawilujengan katur Bapa Oni Suyono sekalian katampi kanthi suka bingahing wardaya saha kanti atur wasilah Wa’alaikumussalam w w

Mugi salam ingkang sampun panjengan paringaken nyaringi hidayahipun Allah swt anggenipun ngawontenaken tasyakur wonten ing ari kalenggahan menika purwa madya ngantos rampung ing mangke tansah manggihi rahayu wilujeng widada nes kala mboten wonten alangan setunggal menapa.

 

Dene atur salajengipun nuwun inggih panjenengan sampun kepareng nglarapaken, maringaken, ngiras pantes masrahaken risang pinanganten sarimbit peparap pun bagus Bagastirto Sriyono, S.Pd. dalasan Roro ayu Khoiriyah Puspita Ningrum, S.Pd. engkang sampun kaijabaken kala wingi dinten Ahad, 31 Desember 2023 kirang langkung tabuh 09.00 WIB, estu matur gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan bilih panyuwunanipun Bapa Oni Suyono sekeluarga sampun dipun tindhakaken Bapa Darmawan kanthi rampung wilujeng mboten wonten alangan sawiji menapa,

 

Dene dawuh salajengipun rawuhipun Bapa Darmawan panjenengan duta pangarsane hanganthi abon-abon angsal-angsal sakkeparengipun katampi kanthi suka renaning penggalihipun Bapa Oni Suyono mugi-mugi pikantuk leliru dening Allah SWT engkang salangkung ageng dados amal sholehipun Bapa Darmawan menapa dene keluarga

 

Bapa Darmawan engkang kula hormati,

dawuh salajengipun mbok bilih risang pinanganten sarimbit cumondok wonten ing Dahromo I mriki kapurih hamaringi daya kekiyatan seserepan kagem sanguning brayan enggal wonten madyaning masyarakat agung ing mangke insyaAllah sagaduk Bapa Oni Suyono sekeluarga badhe ngestoaken dawuhipun Bapa Darmawan.

Kosok wangsulipun mbok bilih risang pinanganten sarimbit mangke cumondok wonten ing Trukan ugi nyuwun tulung dateng Bapa Darmawan sami kados wonten ing mriki kareken dening putra putri piyambak saengga mangkeh tumapaking gati bebrayan agung tansah manggihi rahayu nes kala mboten wonten alangan sawiji menapa.

 

Dawuh salajengipun mbok bilih pahargyan samangke sampun ndungkap cekap dalasan paripurna Bapa Darmawan sapenderek badhe ngersaaken kondur saking wiwaha menika, Bapa Oni Suyono namung nderekaken wilujeng kondur sowang-sowang mugi samargi margi tumunten wonten ing dalem panjenengan piyambak-piyambak manggih kaliyan keluarga tansah wilujeng tanpa upami.

 

Bapa Darmawan engkang kula hormati,

Mekaten atur waluyan Bapa Oni Suyono sekeluarga lumantar kula, mbok bilih anggenipun nampi rawuh panjenengan kirang ing samukawisipun, kirang ing samudayanipun purwa madya ngantos wusana lumantar kula Bapa Oni Suyono tansah nyuwun agunging pangapunten.

Semanten ugi kula engkang dados talanging basa anggen kula nampi pangandikan pasrah panjennegan mboten saged jangkep, mboten saged genep, mboten saged ndamel suka rena penggalih panjengan mligi sumrambah para tamu sedaya kula pribadi nyuwun agunging pangapunten.

 

ing wasana, panyuwunipun Bapa Oni Suyono sekeluarga panjenengan sapangombyong kapureh nyekecakaken anggenipun sami pinarak lenggah dumugi wiwahan mangke cekap dalasan paripurna. Mekaten lan semanten.

 

Billahitaufik walhidayah

Wassalamu’alaikum w w.

MAJELIS TABLIGH PCM JETIS SELENGGARAKAN KANTIN SAPA

Bantul – Kajian Rutin Sabtu Pagi (Kantin Sapa) mulai diselenggarakan oleh Majelis Tabligh Pimpinan Cabang Muhammadiyah (PCM) Jetis pada Sabt...